Pas sore-sore Wonokairun moro nang tokone wak Udin...onok barang sing ate dituku...
Wonokairun : "Aku tuku sabun deterjen, sak bungkus ae yoo...."
Wak Udin : "Gawe opo Mbah ? Dungaren ngumbah klambi dewe..."
Wonokairun : "Enggak!..Iki loh kucingku kenek bletokan...ate tak umbah icek resik."
Wak Udin : "Owalah mbah, sampeyan iki kok yo aneh-aneh ae, kucinge engkok mati loh...ono kucing kok diumbah nggawe deterjen"
Dinasehati wak Udin, si mbah Wonokairun tambah ngeyel...koyoke tetep njaluk tuku deterjen iku. Wak Udin akhire ngalah...jarno ae...karepe mbah Wonokairun angel dipenggak.
Menene, si mbah teko maneh nang tokone Pak Udin.
Wak Udin : "Yok opo kabare kucinge...wis resik tah?"
Wonokairun : "Kucingku mati"
Wak Udin : "Lhaaa bener tah ? Wingi tak nasehati sampeyan gak percoyo, kucing iku gak iso diumbah nggawe deterjen..."
Wonokairun : "Kucingku mati duduk mergo tak umbah nggawe deterjen. Mari tak umbah kucingku ijek urip koq..."
Wak Udin : "Terus matine kenek opo, mbah....??"
Wonokairun : "Mari tak umbah trus tak peres...."
Wak Udin: @#%*&@#$^^
No comments:
Post a Comment