JUDUL-JUDUL FILM NGETOP ( IN JAVANESE )

Enemy at the Gates -- Musuhe Wis Tekan Gapuro
Die Hard -- Matine Angel
Die Hard II -- Matine Angel Tenan
Die Hard III With A Vengeance -- Kowe Kok Ra Mati2 To?
Bad Boys -- Bocah-bocah Elek
Lost in Space -- Ilang Ning Awang-awang
X-Men -- Wong Lanang Saru
X-Men 2 -- Wong Lanang Saru Banget
Cheaper by the Dozen -- Tuku Selusin Luwih Murah
Paycheck -- Kasbon
Independence Day -- Pitulasan
The Day After Tomorrow -- Sesuke
Die Another Day -- Modare Ojo Saiki
All The Pretty Horses -- Jarane Ayu2
Planet of the Apes -- Planete Wong Apes
Gone in Sixty Second -- Minggat Sak cepete
Original Sin -- Dosa Tenanan
The Abyss -- Entek-entekan
Seabiscuit – Klethik’an Neng Laut
Terminator -- Terminal Montor
How To Lose A Guy in 10 Days -- Piye Carane Megat Lanangan mung 10 Dino
Lord Of The Ring -- Pedagang Akik...
Million Dollar Baby -- Babi Regone Sayuto
Blackhawk Down -- Manuk Ireng Keno Bedhil
PS I Love You -- Aku Seneng Dolanan PS (Playstation)
Brave One -- Wani Dhewekan
Code Name: The Cleaner -- Sandine: Jongos
One Missed Call -- Mumi (Mung Miskol)
Made of Honor -- si Made entuk Honor
The Dark Knight -- Peteng2 akeh Prajurit
I Am Legend -- Aku Bakul Legen
No Country For Old Men -- Iki Dudu Panti Jompo
Casino Royale -- Royal karo Kasino (Dono lan Indro ra di ajak..)
Gangster -- Kumpulan Gali-gali
The Eye -- Matane
Prey -- Prei (horeee sesuk preiii..!!! asik asiiiiiiiikk… :) …)

NGOMBE AVTUR

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda
bagian pengisian BBM Pesawat.

Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.

”Adem-adem ngene enake ngombe yo” jare Uwar. ”Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe?” jare Joko.

”Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak
tah ?” Uwar mulai gunggungan. Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur. Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.

Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat. Moro-moro onok tilpun
muni, tibake Joko sing nilpun. ”Yok opo kon War..?” jare Joko
”Wah whuenak, kon yok opo ?” jare Uwar.
”Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?” jare Joko.
”Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak
maneh tah ?” jare Uwar.
”Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?” takok
Joko.
”Dhurung..” jare Uwar.
”Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae
sak kuatmu. .” jare Joko.
”Lho opo'o masalahe ..?” Uwar bingung.
”Soale aku saiki wis mencelat nang Banjarmasin..”

Keturunan Cino...


pas Imlekan Rukijo mulih kampung...

Rukijo
"lho Min, koen ate nang endi kok gowo koper gede...?

Sarimin
"aku ate mudik Jo.."

Rukijo
"lho opo awakmu iku wong cino, kok atek melok-melok mudik barang...?"

Sarimin
"iyo Jo, teko mbah mbahku mbiyen keturunan cino..."

Rukijo
"cino apane, lha matamu ae nggak sipit ngono...???"

Sarimin
"maksudku CINO (CIlacap - kertosoNO).."

Rukiho
"cino... mbuahmu kono...!!!!"

Wonokairun Ngumbah Kucing...

Pas sore-sore Wonokairun moro nang tokone wak Udin...onok barang sing ate dituku...

Wonokairun : "Aku tuku sabun deterjen, sak bungkus ae yoo...."
Wak Udin : "Gawe opo Mbah ? Dungaren ngumbah klambi dewe..."
Wonokairun  : "Enggak!..Iki loh kucingku kenek bletokan...ate tak umbah icek resik."
Wak Udin : "Owalah mbah, sampeyan iki kok yo aneh-aneh ae, kucinge engkok mati loh...ono kucing kok diumbah nggawe deterjen"

Dinasehati wak Udin, si mbah 
Wonokairun tambah ngeyel...koyoke tetep njaluk tuku deterjen iku. Wak Udin akhire ngalah...jarno ae...karepe mbah Wonokairun angel dipenggak.

Menene, si mbah teko maneh nang tokone Pak Udin.
Wak Udin : "Yok opo kabare kucinge...wis resik tah?"
Wonokairun  : "Kucingku mati"
Wak Udin : "Lhaaa bener tah ? Wingi tak nasehati sampeyan gak percoyo, kucing iku gak iso diumbah nggawe deterjen..."
Wonokairun : "Kucingku mati duduk mergo tak umbah nggawe deterjen. Mari tak umbah kucingku ijek urip koq..."
Wak Udin : "Terus matine kenek opo, mbah....??"
Wonokairun  : "Mari tak umbah trus tak peres...."
Wak Udin: @#%*&@#$^^

Peresmian Jembatan Suramadu...

Iki mungkin salah sijine sing nggarai pak SBY tau trauma karo masyarakat Meduro....Pas pak SBY kape ngresmekno jembatan Suramadu...MC-ne mulai ngatur undangan, iki woro2 e gawe boso indonesia tapi tetep ae logat e dukremak: 
MC : "Kepada pak bapak sekalian yg masih di atas di mohon keturunannya.. Dan yg msh berdiri di minta kedudukannya.. Dan bg yg masih merokok di minta kematiannya.. Karena bpk Presiden akan segera meresmikan jembatan Sormadu..."

Expired Date...

Sing Wedok: "Moco opo to sampeyan, Pak? Kok serius nemen?"
Sing Lanang: "Iki lho, Buk.. moco surat nikah. Kok aneh yo..?"
Sing Wedok: "Opone sing aneh, Pak?"
Sing Lanang: "Tak banding2ke karo KTP lan SIM, kabeh kok ono tanggal kedaluwarsone. Lha iki surat nikah kok ora ono kedaluwarsone?"
Sing Wedok: "Mreneo, Pak... Tak parute lambemu...!"
 

Mie Jawa sing Dilarang...

mie jawa sing dilarang : 


1.  Mie-suhi pak lurah 
2.  Mie-lih klengkeng karo incip2 tapi ora tuku 
3.  Mie-dak sikile uwong tapi ora rumongso 
4.  Mie-jeti pupune tonggone 
5.  Miendah duwite kancane mlebu dompete dewe tapi ora ngomong 
6.  Mie-tenah 
7.  Mie-sing (... plesetan mekso) sak enggon-enggon...
8.  Mie-njem bojone tonggo...
9.   Mie-ngkem satus...
10.Mie-nggat nang stasiun sepur...

Ojo Kesusu...


Hotman...anak Medan kuliah di Jogja...lagi kesengsem sama Lestari, gadis manis asal Solo… Suatu hari Hotman mengajak Lestari jalan-jalan keliling kota dengan motor sepeda motor RX-King-nya..
Di tengah jalan mereka berbincang2.., krn motornya melaju sangat cepat.., maka si Lestari mulai protes..:
Lestari: “Mas, ojo kesusu..”. (jangan terlalu cepat)
Hotman diam aja...karena dikiranya dia duduk terlalu dekat dengan Lestari.., dengan sopan duduknya bergeser maju sedikit ke depan agar tdk terlalu dekat dgn dada Lestari. Motor tetap saja terus melaju kencang…
Lestari: “Maasssss… ojo kesusu tho ?!!..”. (dengan logat Jawa kental).
Hotman masih diam, tapi duduknya makin maju sampai ke tangki motor…
Lestari: “Mas iki piye tho, mbok jangan kesusuuu….”.
Hotman hilang kesabarannya, badannya makin maju sampai mepet stang motor, dan keluarlah logat Bataknya..:
Hotman: “BAHHH !!…PANJANG KALLEE SUSU KAUUU... TARIII …??!!!

Wonokairun Dodolan...

Wonokairun nunggu tokone trus onok sing arep tuku, arek wedok lumayan ayu..mlebu neng tokone...

Arek Wedok : "Cak…onok Softex’ ke ta ?"


Wonokairun : "Onok….iki Mbak !"


Arek wedok : "Piro regone Cak ?"


Wonokairun : "Siji rong poloh ewu".


Arek wedok : "Loh, kok luuarang puool Cak !! ...toko langgananku biasane gak sakmono kok !"


Wonokairun : "iyo Mbak ! Lek nang kene rego sak mono iku wis termasuk ongkos pasange".


Arek wedok : "Dammpuuut...sampeyan iku wis elek Gendeng pisan!!!"

Dolanan Ndase Pulisi...

Wiwitan cerito, pas bali kerjo, Dasiman karo Dasiyo keluwen, modal duwet ngepress arek loro iku nekad menyang rumah makan seng rame pengunjunge...
Bareng wes mlebu langsung wae arek loro iku pesen panganan, sambi ngenteni panganan teko, arek loro iku kojah...

Dasiman
"Yo, ngerti ora polisi kae??.."
(sambi nduding neng arahe polisi seng lagi mangan)

Dasiyo
"ow iyo.. Nyapo Man..."

Dasiman
"polisi kae, nek tak keplak sirahe aku tambar diwenehi duwit..."

Dasiyo
"Lah enek tho, wes di keplak tambar wenehi duwet, buntut buntute di gowo nyang kantor polisi tenan kowe mengko... Neng ngendi ngendi iku, polisi iku seng gawenen njaluki duwit..."

Dasiman
"gak percoyo ta awakmu, delengen yo tak praktekno..."

Mari ngono  Dasiman  moro menyang mejone polisi iku, terus ngeplak sirahe...
”ceeplllakkk...!!!”
Bar ngeplak  Dasiman  diwenehi duwet, terus mbalek nyang mejone dewe...

Dasiman
"piye aman aman wae tho... Polisi gemblung iku, terah njaluke di keplak wae..."

Dasiyo
"hebat kowe jo, yo wes aku yo arep ngeplak, lumayan kenek ngge tuku rokok bar mangan iki mengko..."

Si Dasiyo age age moro menyang mejone polisi iku, terus ngeplak sirahe..
”ceeplllaakk...!!!”
La tibake polisine terus nesu sambi moreng moreng...

Polisi
"Emange sirahku iki NDAS DOLANAN opo, maen keplak keplok sak karepmu dewe...!!!..."
(sambi nyandak tali gocine Dasiyo...)

Dasiyo
"ampun pak.. ampun pak.. La kenok opo kancaku iku ngeplak sampeyan gak nesu, kok tambar sampeyan wenehi duwit...???"

Polisi
"amego wong iku ANAKe PAKDHEKU, gek aku NDUWE UTANG neng deweke...!!!"

Dasiyo
"wah kampret tenan si Dasiman, diapusi meneh aku..."

Laptopmu


Dul : Laptop mu kok canggih emen Mat 

Mat : Hadiah lomba lari

Dul : sing bener ? piro peserta lombane ?

Mat : Mek wong telu tok...aku, Polisi, karo sing duwe Laptop



Hikmah di Balik Nama-nama Jawa...

Dibalik nama-nama pria Jawa sesungguhnya ada harapan tertentu dari orangtuanya, agar anaknya kelak kalau besar bisa sesuai yang diharapkan.. ..
Contohnya :
- Pandai menanam bunga, diberi nama Rosman.
- Pandai membaiki mobil, diberi nama Karman.
- Pandai main golf, diberi nama Parman.
- Pandai dalam korespondensi, Suratman.
- Gagah perkasa, Suparman.
- Kuat dalam berjalan, Wakiman.
- Berani bertanya, Asman (askman).
- Ahli membuat kue, Paiman.
- Pandai berdagang, Saliman.
- Pandai melukis, Saniman.
- Pingin anaknya berwajah manis, Legiman.
Pingin anaknya jadi turis, Pargiman.
- Agar jadi orang kaya, Sugiman.
- Agar besar nanti padai cari muka, Yasman
- Suka begituan, Pakman
- Suka makan toge goreng, Togiman
- Selalu ketagihan, Tuman
- Selalu sibuk terus, Bisiman
- Biar jadi eksekutif muda diberi nama Dasiman
- Biar pinter main game diberi nama Giman
- Biar bisa sering cuti diberi nama Sutiman
- Biar jadi juragan sate diberi nama Satiman
- Biar jadi juragan trasi diberi nama Tarsiman
- Biar pinter memecahkan problem diberi nama Sukarman
- Biar kalau ujian ndak usah mengulang diberi nama Herman
- Biar pinter bikin jus diberi nama Yusman
- Biar jadi orang yang berwibawa diberi nama Jaiman
- Biar jadi pemain musik diberi nama Basman
- Biar awet muda diberi nama Boiman
- Biar pinter berperang diberi nama Warman
- Biar jadi orang Bali diberi nama Nyoman
- Biar jadi orang Sunda diberi nama Maman
- Biar lincah seperti monyet diberi nama Hanoman
- Biar jadi orang Belanda diberi nama Kuman
- Biar tetep tinggal di Jogja diberi nama Sleman
- Biar jadi tukang sepatu handal diberi nama Soleman
- Biar tetep bisa jalan walau ndak pake mesin diberi nama Delman
- Biar jadi petinju diberi nama Ngateman
- Biar tetep mengoalh Database diberi nama Baseman
- Biar anaknya masuk bioskop diberi nama Batman
- Biar anaknya jagoan diberi nama Superman
(dua paling bawah ngaco)...

Dibujuki Jin Maneh...


Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit
asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue. Sik tas katene
keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak
metu
beluke, Kayat mencolot kuaget. "Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu
panjalukmu bakal tak turuti," jare jine.
"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng
lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
ambek jin" jare Kayat. "Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin
kaspo,
lha aku iki khan jin apikan tah, dhadi wis gak usah kuatir.
Opo maneh awakmu wis kadhung koyo ngono,
gak bakal iso luwih soro maneh. 
Wis tah, gak rugi pokoke. Lek gak percoyo,
 cobaken njaluk dhisik ae, njaluk opo,  jare jine maneh.
Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!  
Sing pertama aku pengin duwit sak karung, Jare kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine.
Ting, pas melek moro-moro, ndik ngarepe kayat wis ono duit sak karung,
seket ewuan kabeh.
"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.
"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap
sembarange." jarene Kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine.
Ting...pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah sing uapik,  
Kayat eneng gak karuan.
"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun" jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat
njaluk,
"Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh".
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame
ambek
keroso awake dicekel-cekel.
Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga. Bareng melek,
Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake
Kayat wis dadi ”TAHU”. . . 

Anake Setan...

Pas sore ono bapak lagi jagongan mbi anak'e..
Pak Kacong : "Le.. Edi.. Tulung pak'e tukokno minuman sing anyes ning warung yo.."

Edi : "coca-cola opo seprit,pak?"

Pak Kacong : "Coca-cola wae.."

Edi : "Sing kalengan opo botolan ?"

Pak Kacong : "Botolan.."

Edi : "Sing botol gede opo sing cilik?"

Pak Kacong : "Ooo cah Asuui !! Wis tukokno banyu wae!!"

Edi : "Aqua opo banyu biasa ?"

Pak Kacong : "AQUA, cuk!!!!"

Edi : "Panas opo sing anyep?"

Pak Kacong :" SAPU NDI SAPU,TAK GEPUK'E NDASE BOCAH KI..??!!!"

Edi : "Sapu biting opo sapu duk??"

Pak Kacong : "Oalaahhh...Kewan tenan kowe ki pancen'e!!"

Edi : "Wedus opo Kebo?"

Pak Kacong : "WEDUUSSS,Gookk!!!"

Edi : "Wedus Cempe opo Bandot??"

Pak Kacong : "Setan kowe!!!!"

Edi : "Pocongan opo Gendruwo?"

Pak Kacong: "Mbuh lah, kono minggat wae lah!!"

Edi: "Saiki opo sesuk?"

Pak Kacong: "Saiki, dobol!!"

Edi: "Bapak melu opo ora??"

Pak Kacong : "Asli..suwe2 Tak pateni temenan bocah iki !!"

Edi : "Ditusuk nganggo peso apa ditembak nganggo pistul??"

Pak Kacong :"Tak tembak !!!"

Edi : "Ndase opo wetenge??"

*Pak Kacong sekarat kejet2 langsung struk stadium pitulas*