Nyeluk Taksi



Sakwijine dino omahe Bunali ketamuan Mbah Wonokairun, mbahe kandung. Mari ngomong telong jam ngalor-ngidul akhire Mbah Wono pamitan njaluk mulih. Ndelok prejengane mbahe wis tuwek koyok ngono opo maneh atene udan, Bunali pingin nyelokno taksi, Bunali gak mentolo opo maneh mau tekone  mrono panas-panas numpak ojek. Let sediluk Bunali kongkonan rewange si jenenge Joko Bodoh supoyo nyeluk taksi.

Bunali :” Joko..coba nyeluko taksi yo. Iso ta awakmu nyeluk taksi ??”
Joko: “ Saget...saget Bos..!!”  jawabe Joko Bodo meyakinkan.
Bunali :” Yo wis ndang budalo kono!” Joko :” Nggeh...nggeh Bos…”

Gak piro suwe Joko Bodoh wis mlayu nang dalan gede. Sak jam maneh Joko Bodoh balik nang omah ambek nangis nggogok-nggogok...

Bunali :” Lho…opo'o awakmu koq atek nangis ????  Lho raimu koq aboh kabeh ngene?? Kenek opo Jok..!!???”  Ambek nahan lorone Joko jawab :” Kulo wau diuantemi   sopir taksi Bos…”
Bunali :” Lho lho kok  sopir itu uantemi awakmu, lha salahmu opo Jok??”  Si Joko Bodoh puancen gublok puoll, gak kroso salah deweke malah cerito: "Pas kulo teng pinggir dalan enten taksi liwat trus kulo celuk,  “ Taksi..!!  Taksi…!!” Joko nyeluk taksi ambek tangane awe-awe.

Gak suwe onok taksi sing mandhek, pas wis mandhek supire nakoni Joko, "Mau ke mana Mas?", Joko meneng ae. Akhire taksine mlaku maneh. Let gak suwe Joko nyeluk maneh taksi sing liwat. Sing iki supire gak sabaran, Joko dikeplaki soale dikiro nggawe dulinan uwong. Wis ditampeki koyok ngono Joko ijek gak mudeng, dikiro supire mabuk.

Ping telu diulangi maneh kelakuane, sing terakhir iki supire pesiunan tentara, ancur raine Joko dipermak. Wis gak kuat nahan lorone, Joko membik-membik mulih lapor bos e.

Bunali :” Oo dadi ngono ta ceritane,  mene maneh nek nyeluk taksi nek wis mandhek ja'en mrene, laopo awakmu meneng ae koyok reco Joko Dolok."
Joko Bodo :” Lha Sampeyan mboten ngomong ngoten Bos…”
Bunali :” Lha aku mau ngomong opo Jok ??”  jare Bunali balik takon soale penasaran.
Joko Bodo :” Bos wau lak ngomonge ngeten, "Jok, nek onok taksi liwat celuken yo…”
Bunali :” Trus??”….”
Joko Bodo:” Nggih kulo celuk thok…”
Bunali: “Trus..??,  Bunali tambah bingung
Joko Bodo: ”Mantun kulo celuk trus kulo mendel mawon,  soale wau Sampeyan nggih cuma kengkenan nyeluk taksi thok..!!”
Bunali :..???????????!!!###

[kaisarvic.blogspot.com]