Dibujuki Jin Maneh...


Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit
asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue. Sik tas katene
keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak
metu
beluke, Kayat mencolot kuaget. "Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu
panjalukmu bakal tak turuti," jare jine.
"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng
lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
ambek jin" jare Kayat. "Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin
kaspo,
lha aku iki khan jin apikan tah, dhadi wis gak usah kuatir.
Opo maneh awakmu wis kadhung koyo ngono,
gak bakal iso luwih soro maneh. 
Wis tah, gak rugi pokoke. Lek gak percoyo,
 cobaken njaluk dhisik ae, njaluk opo,  jare jine maneh.
Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!  
Sing pertama aku pengin duwit sak karung, Jare kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine.
Ting, pas melek moro-moro, ndik ngarepe kayat wis ono duit sak karung,
seket ewuan kabeh.
"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.
"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap
sembarange." jarene Kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine.
Ting...pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah sing uapik,  
Kayat eneng gak karuan.
"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun" jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat
njaluk,
"Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh".
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame
ambek
keroso awake dicekel-cekel.
Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga. Bareng melek,
Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake
Kayat wis dadi ”TAHU”. . . 

No comments:

Post a Comment